4.06.2014

Dadi Ati



Dadi Ati (Langgam)

Lk : (bowo)
Gegarane wong akrami
Dudu bondho dudu rupo
Hamung ati pawitane
Luput pisan keno pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kelangkung
Tan keno tinumbas arto

Pr :
Nggoleki sing koyo ngopo,
Wong nyatane kalakon seprene
Angger-angger gendro,
Wekasane malah mbangun tresno

Dudu bondho dudu rupo,
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo,
Pepindhane mimi lan mituno

Wus jamak lumrahe,
Yen wong urip coba lan godhane gedhe
Supradene, Ora nganti ndadak dadi gawe

Rino wengi dadi ati,
Wong prasojo luhur bebudhine
Sabar tur gemati,
Momong putro alus bebudhine

reff :
Nggoleki sing koyo ngopo,
Wong nyatane kalakon seprene
Angger-angger gendro,
Wekasane malah mbangun tresno

Dudu bondho dudu rupo,
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo,
Pepindhane mimi lan mituno

Wus jamak lumrahe,
Yen wong urip coba lan godhane gedhe
Supradene, Ora nganti ndadak dadi gawe

Rino wengi dadi ati,
Wong prasojo luhur bebudhine
Sabar tur gemati,
Momong putro alus bebudhine

Tidak ada komentar:

Posting Komentar