12.22.2013

wedhus tenaaan...

> Sarno (8th) teko Madiun arep
> lungo, di-terke mbok'e nyegat
> bis
> Kenek bis: Suroboyo....
> Suroboyo bu??
> M'Boke Sarno: Pak' tulung
> nggih! mengke nek pun tekan
> Jombang, lare niki
> dikandani..!! (karo
> ngunggahke Sarno nang Bis)
> Kenek: Nggih bu........
> tariiiiik!!!!
> (Nang tengah dalan, Sarno
> takon kenek Bis).
> Sarno: "Wis cedhak Jombang
> durung iki, Lik?"
> Kenek: "Durung le....Jik
> suwe..."
> (Ora let suwe, Sarno takon
> maneh)
> Sarno: "Wis tekan Jombang,
> Lik?"
> Kenek: "Durung le.... jik
> adhuuooh..!"
> (Sarno bosen ora tekan2
> akhire keturon)
> Bis terus mlaku arah
> Suroboyo... Ora kroso bis wis
> ngliwati Jombang. Kenek lali
> pesene mbok'e Sarno, bareng
> kelingan kenek langsung
> omong nang Sopir.... "Duuh
> kaaang!.... aku dosa nang
> bocah kuwi !!" (Karo nduding
> Sarno sing lagi turu)
> Sopir: "Lha kenopo to?"
> Kenek: "Mau mbok'e
> nitipke...... yen tekan Jombang
> bocahe tulung kandhanono".
> Supir: "Waah lha piye kowe
> kuwi? Jombang wis kliwat
> adoh!!" (Sopir bingung)
> Tujune Sopire apik gelem balik
> nang Jombang, sakwise jaluk
> persetujuan penumpang
> liyane merga mesakke karo si
> Sarno.
> (Sakwis'e bis tekan Jombang,
> Sarno digugah) Kenek:
> "Le..tangi lee!, wis tekan
> Jombang ki" (Karo nggoyak2
> awak-e Sarno)
> Sarno njenggirat: "Wis tekan
> Jombang yo, lik?" (Karo grusa
> grusu mbukak kantong!
> ngetokke sangune, sego,
> sambel, lawuhe iwak asin)
> Kenek: "Arep mudhun kene
> lee???"
> Sarno: "Ora lik... wong aku
> arep nang Surabaya, mau
> mbokku pesen, sangune
> mengko dipangan nek wis
> tekan Jombang wae ya lee..".
> (karo muluk segone)
> Jare kenek + supir +
> penumpang:.. "WEDHUS TENAN
> cah iki !!!!.... TIWAS
> MBALIK..!!!"
>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar