12.14.2013

Kisah Mbah Kung

> Wektu iku Bos Perusahaan terkenal nyeluk sekretarise banjur ngomong, "Sesok meeting nyang luar kota siapno opo wae sing dibutuhne."
>
> Sambil siap-siap Sekretaris iku telpon bojone,"Sesok aku dinas nyang luar kota, jaga rumah baik-baik ya mas?"
> Sang Suami langsung telpon selingkuhane,"Bojoku sesok nyang luar kota, sampean ono wektu gak?"
> Selingkuhane ngomong nyang muride sing lagi dikursus,"Nak, besok ibu repot, kursus diliburkan."
> Bocah kursus iku banjur ngomong nyang Mbah Kakung , "Mbah Kung, sesok kursusku libur, mancing yuk!"
> Mbah Kakung iku Bos ing perusahaan terkenal banjur nyeluk sekretarise," Sesok putuku ngejak mancing, meeting keluar kota dibatalkan."
> Sekretaris telpun bojone,"Bosku ono acara keluarga meting dibatalkan aku ndak sido keluar kota."
> Bojone langsung telpon selingkuhane,"Sesok ojo mrene, bojoku gak sido lungo."
> Selingkuhane ngomong nyang muride sing dikursus,"Besok tetep masuk kursus nak, ibu gak jadi repot."
> Bocah iku langsung telpon Mbah Kakung." Sesok gak sido mancing Mbah, kursusku gak sido libur."
> Mbah Kakung yoiku Si Bos nyeluk sekretarise, Sesok sidane metting keluar kota, putuku gak sido ngejak mancing."
> Sekretarise langsung telpon bojone"Sori mas, sidane aku sesok meeting keluar kota,"
> Sang suami banjur nelpon selingkuhane," Bojoku sidane lungo, sesok reneo ya?"
> Selingkuhane ngomongi muride sing dikursus, " Sesok sidane libur nak, ibu ono acara mendadak"
> Murid iku langsung telpon Mbah kakung Yoiku Si Bos...
>
> Terusno dewe kesel aku nulis terusane...:D
>
> --

Tidak ada komentar:

Posting Komentar