12.09.2013

Pituturipun Tiyang Sepuh

> Nuwun sewu menawi sampun dipun kintun wonten mriki.
>  
> PITUTURIPUN TIYANG SEPUH
>
> Bocah Bagus Anakku Lanang,
>
> Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan,
>
> Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang,
>
> Duh Bocah Bagus Anakku Lanang.
>
> Wong Tuwamu Dudu Raja,
>
> Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya,
>
> Sangumu Mung Isi Pitutur,
>
> Muga Dadi Titah Kang Luhur.
>
> Anak Lanang Bagusing Ati,
>
> Ojo Lali Anggonmu Memuji,
>
> Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi,
>
> Mugo Dadi Padhangé Ati.
>
> Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo,
>
> Urip Ing Kono Koyo Samudro,
>
> Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén,
>
> Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén.
>
> Bocah Bagus Anakku Lanang,
>
> Ojo Nganti Ninggal Piwulang,
>
> Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang,
>
> Ojo Jirih Ing Pepalang.
>
> Sejatiné Ora Ono Opo-Opo…..,
>
> Sejatiné Jagadawujud Suwung,
>
> Ora Warno Lan Ora Rupo,
>
> Sing Ono Mung Awang-Uwung.
>
> Akéhing Bandha Dudu Ukuran,
>
> Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran,
>
> Lan Pepujané Rasa Dudu Anak,
>
> Pagering Jiwo Dudu Sanak.
>
> Wong Tuwamu Dudu Dewo,
>
> Ora Wenang Nulis Garisé Manungso,
>
> Sangumu Mung Isi Pitutur,
>
> Mugo Dadi Titah Kang Luhur.
>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar