12.09.2013

Modhin


>
> Mbah Jo dirawat ndek Rumah Sakit Karang Menjangan.
> Jare dokter asmane wis kronis, irung'e sampek dipasangi selang.
> Wis pirang2 dino iki mbah Jo meneeng ae koyok dakocan.
>
> Dikiro wis wayahe budal, Sarim, anak'e nyeluk pak Modhin ben didungakno.
> Lah pas pak Modhin enak2 ndungo, moro2 mbah Jo megap2 gak iso ambegan, raine pucet kyk ndog asin. Nganggo boso isyarat mbah Jo nirokno wong nulis. Sarim, weruh maksud'e, lsg njupukno kertas karo bolpen.
> Ambek megap2, mbah Jo nulis surat.
>
> Mari ngono mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Modhin. Ambek dekne surate iku mau lsg di lebokno nang sak, rasane kok gak pas ae moco surat wasiat saiki (pikire Modhin).
> Bar ngono pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono mbah Jo amblash. Uakeh wong sing kilangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan. Pas acara pitung dinane mbah Jo, pak Modhin diundang maneh. Mari mimpin dungo, Modhin lagek iling lek surate mbah Jo iku mau. Waduh slamet aku sik iling onok titipan surate mbah Jo, pikire pak Modhin
> Derek-derek sedoyo, iki onok surat seko alm mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh.
> Lek ndelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune. Ayo diwoco bareng2, jare pak Modhin. Mari ngono pak Modhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine:
>
> "HEH, MODHIN GENDHENG!!!
> OJOK MBOK IDHAK SLANG OKSIGENKU YOH,,, AKU LOH GAK ISO AMBEGAN... GOBLOK...!!!!
>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar