2.22.2014

Watal Lan Watuk

>
> WATAK lan WATUK
> Djajus Pete
>
> WATAK lan WATUK iku beda. Ora mung beda ukurane nanging ya beda asal-usule. Yen watak, asale wis saka kanane, gawan lair. Yen watuk, saka bangsane baksil penyakit sing ora genah saka endi asale. Apa saka kakehan ngrokok, apa saka ketularan kancane sing cekah-cekeh mau, ora cetha. Sing genah, watuk bisa ditambani. Yen watuke campur riak, tambane ya gampang : gaweya susu putih, cemplungi jae gecekan, beres.
>
> Apa sebabe nek watuk gampang ditambani ? yen watak ora bisa ditambani (ora bisa diowah ) ? 
>
> Saka nyawang hurupe wae ya wis beda. Bedane WATAK lan WATUK mung ana ing hurup A lan U. Hurup U iku rak bolong ndhuwur,yen dicemplungi obat, lara watuke ya bisa imetu ilang, mari. Yen WATAK aja ngarep-arep marine jalaran hurup A iku rak ora bolong. Watake manggon ana ing njero. Nganggo palang ngiwa-nengen kathik isih dipatek palang tengahe. Lha ya angel metune, ora bisa mbrabas metu wong rapete palang kaya ngono.Mulane yo ana wong omong yen watak iku RITI, marine yen wis mati, katut digawa mulih menyang papan asal-usule kana. 
>
> Iki ora kok othak-athik mathuk, dupeh wong Jawa diarani seneng othak-athik. Kedhiri rak kuthane. Sing dadi rak nyatane. Ngono cara parikane. mBahku biyen sing wis tuwa banget, nalika lara, ya duwe lara watuk .Pisan pindho digolekake obat watuk, ora mari-mari watuke. Terus dikandhani supaya disuda enggone ngrokok, bisa uga rokoke sing marahi watuk. 
>
> "Halhah, ya gak isa nek aku mbokkon leren udut,"wangsulane. 
>
> Dadine, mboyak-mbodhil, anak-anake wis ora ngreken watuke kuwi, wong kandhanane angel, watake ngenyel. Ngeyelan kuwi ya watak. 
>
> " Ben, nek watuke ora mari. Malah apik," guneme mBokku nalika aku isih cilik. 
>
> "Kok malah apik?" pitakone Lik Ni, adhine mBokku. 
>
> "Soale nek bengi...,sepi wong dha turu. Pikiranku rak ya rena-rena wong ora ana sing nunggoni , turu ijen, neng kamar mburi.Nek krungu watuke atiku lagi lega, ruh nek jik urip."*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar