12.12.2014

Supri




Supri lungguh de we'an nang Bar. 
Gak sepiro suwene koncone, jenenge Bambang, mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu2, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo' raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok. 

Supri mbatin, "kapan nasibku koyo' Bambang. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek". 

Pas Bambang mlaku nang Bar, Supri ono kesempatan takon:
"mBang piye carane awakmu iso oleh wedho'an ayu2?" 

Bambang: "ojo' crito2 yo, tak kandani rahasiane ....mené nek awakmu dolan rene maneh ... begitu awakmu lungguh neng Bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo Bar, wis mesti wong wedhok2 iku marani"

Supri : "tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan.... " 

Bambang: "awakmu mung perlu gantungan kunci mobil wae. Iki delok'en aku duwe gantungan kunci JAGUAR. Yo mung ngono thok modalku" 

Sesuk bengine, Supri kledhang2 mlebu kafe; Bambang wis ono' neng jero lungguh karo wong wedhok telu. 
Supri marani Bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo Bar ....ƍgak ono' reaksi babar pisan... 

Kunci dijupuk maneh disak'i ... bareng ono' wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja Bar.... ƍgak ono' reaksi maneh, malah di-guyu2.

Bambang sing wiwit mau ngawasno wae langsung marani Supri, karo mbisiki: "..

kon iku sek goublok e... 
COPOTEN DISIK HELM muuu !!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar