7.28.2019

Obrolan esuk-esuk : *SAWANG SINAWANG*

Obrolan esuk-esuk :
*SAWANG SINAWANG*


*Wong Ndeso :*
Penak dadi wong kota.....
opo-opo ono, mall cedak, dalane alus.


*Wong Kota :*
Penak piye ? Mangkat kerjo macet, mulih kerjo macet. Malem minggu macet,
tanggal nom macet, parkir rabiso sembarangan lan mesti mbayar. Neng ndeso
lalu-lintas lancar, parkir bebas lan gratis.


Sing penak ki dadi pegawai hotel. Lingkungane mewah, ber AC, makanane mewah
dan terjamin.


*Pegawai Hotel*
Penak apane ? Yen musim liburan malah rabiso liburan. Yen sepi ra oleh
extra penghasilan.
Sing penak ki dadi pedagang...


*Pedagang :*
Penak apane ? Barang sewarung utangan kabeh,
Nek ono suloyone kudanan rego biso2 bangkrut.
Penak ki dadi Pegawai Negeri,
kabeh-kabeh ngajeni...
Ketemu tonggo : Monggo Pak... monggo Bu...
Tanggal nom mesti gajian.


*Pegawai Negeri:*
Penak apane ?
Iyo tanggal nom gajian, tanggal tuwek totalan....
Gajine "jerman" di jejer wis ora uman.
Penak kuwi yo dadi Pak Lurah..
Neng endi2 ketemu rakyate...
Monggo Pak Lurah !!!
Yen jagong manggone ngarep dhewe.
Saben dino entuk punjungan.


*LURAH :*
Penak apane ? Ra cucuk karo modale....
Sawah didol, mobil didol nggo nyalon...
Gajine ra nutup, saben dino jagongan. Sing enak yo dadi DPR.


*DPR :*
Penak apane dadi DPR ?
Ora cucuk karo modale, duwit entek nggo kampanye...
Bareng dadi gak iso obah blas...
Ono proyek sithik wae di penthelengi KPK...
Luwih penak yo dadi tukang cukur, iso ngongkeki sirahe wong akeh, sirahe
pak camat, bupati... presiden diongkak-ongkek sirahe yo podo meneng wae.


*Tukang Cukur :*
Penak apane ?
Nek salah potongane po meneh kesilet sirahe godres getih, sing cukur
ngamok2 sesasi ra meneng.


Penak kuwi dadi pangsiunan, esuk ngopi .... maos koran.... metheti
manuk.... makani iwak... nonton tv...sare....
Tanggal nom nyadhong gaji pangsiunan.


*Pangsiunan:*
Penak piye?
Esuk awan sore mung tenguk2... maca koran wis ra cetha... nonton tv
bosen... mangan ngombe dibatesi..
kolesterol kek ... tensi kek... gula kek...
Arep bal2-an ra ana kancane.
Arep nggedabrus lewat wa, suwe2 yo kesel tur hp-ne lemod he..he..he


*Tibak-e kabeh ra ono sing penak.*
*Anggere isih urip yo isih MUMET, PUSING, NGELU, BINGUNG...*
*mergo kabeh mau gathuke wong urip...*


*TERUS KON KUDU PIYE...???*


Monggo dulur, menikmati peran kita masing-masing.
*Apa pun pekerjaan kita... NIKMATILAH* *dan SELALU BERSYUKUR,*
*BERSYUKUR dan*
*BERSYUKUR...*


*SUGENG ENJING.....* 🙏😘☕

Sent with AquaMail for Android
https://www.mobisystems.com/aqua-mail

Tidak ada komentar:

Posting Komentar