9.21.2019

TRESNA LINGSIR SORE

TRESNA LINGSIR SORE


Sekolahan isih sepi nalika Niken tekan parkiran. Pancen isih esuk, durung
ana setengah pitu.
Biyasane kanca-kanca guru tekane jam pitu kurang seprapat. Niken sengaja
teka Iuwih gasik
amarga iki dia kapisan dheweke mlebu kantor sawise seminggu diklat ana LPMP.
"Sugeng enjang, Bu Niken."
Niken tumoleh. Nalika weruh blegere sing nyuwara, dheweke manthuk karo
mesem. Nanging
dumadakan wae dhadhane krasa kemranyas. Tujune ora gantalan suwe guru-guru
Iiya padha
rawuh. Niken nyalami paraga kuwi nuli age-age miebu kantor.
"Wis ketemu pak kepala anyar?" pitakone kanca guru.
"Kepala anyar?" bathuke Niken njengkerut.
"Asmane Pak Bagus Wicaksono. Wingenane awakmu rak wis tak es-em-es. Apa ora
diwaca ?"
"Takbukak sithik, ning gandheng akeh tugas akhire lali."
"Nggantheng, tur isih legan," ujare Susi.
"Jaremu piyayine nggantheng, kok durung payu?"
"Kuwi biyen critane tau patah hati nalika kuliyah."
"Awakmu iki biyang gosip. Saka ngendi crita sing ora jelas ngono kuwi?"
"Susi gitu Iho. Gosip nanging dudu fitnah. Sumbere kredibel," ujare Susi
karo ngakak.
"Piye, kowe kepranan apa ora?"
"Ora pantes maneh aku ngomongake bab katresnan."
"Ora pantes piye? Umurmu durung ganep patang puluh. Upama Pak Wicak ngesir
awakmu, aku
ora lila weruh panjenengane patah hati maneh merga kok tulak tresnane."
Bagus Wicaksono pancen tau dadi kakak tingkate Niken ing IKIP. Bagus njupuk
jurusan basa
Inggris dene Niken basa Indonesia. Niken tepung Bagus Wicaksono natika
Ospek. Bagus
minangka ketua panitiane. Bagus sing pancen nggantheng dadi idolane
mahasiswi anyar, kalebu
Niken. Bagus sajake uga kepranan marang Niken.


Tir padha irenge, sir padha senenge. Kabeh krasa endah tumrap sakarone.
Kanca-kancane padha
ngerti menawa Niken duweke Bagus. Ngalor ngindul wong loro iku tansah
reruntungan.
Nanging ora ana udan ora ana angin dumadakan bapake Niken nyusul menyang
kampus saperlu
ngajak anake bali ndesa. Niken ora kober pamit marang Bagus sing wektu kuwi
ngepasi KKN.
Niken ngilang saka kampus tanpa ana siji-sijia kancane sing ngerti ana
lelakon apa satenane.
Niken dijodhokake karo priya pilihane bapake. Bapake kejiret utang marang
rentenir merga
kapusan. Ndilalah utange marang rentenir, saengga tambah dina sangsaya
njiret gulu. Utomo,
bujangan tuwa, gelem sabiyantu nutup utange. Sejatine Utomo ora njaluk
pitukon apa-apa
nanging bapake Niken bisa maca glagat yen satemene Utomo mambu ati marang
Niken. Rehne
wis kepotangan budi akeh banget, bapake banjur njodhokake Niken entuk Utomo.
Minangka bektine marang wong tuwa, Niken gelem dipek bojo Utomo. Nanging
dheweke
ngajokake syarat bisa kuliyah maneh ora ketang ing Universitas Terbuka.
Niken wekasane bisa
kuliyah nganti rampung Ian duwe gelar sarjana. Nalika ana pengangkatan guru
Niken katut.
Urip dadi randha ora gampang. Senajan anggone ningkah karo Utomo tanpa
linambaran tresna,
nanging dheweke ngudi tetep setya Ian bekti. Mula bareng Utomo tinggal
donya merga serangan
jantung, Niken nutup atine saka priya sing nyoba nothog. Dheweke pilih
ngopeni anake lanang,
sing umur limang taun. Nanging sapatemon kang ora njarag klawan Bagus
njalari atine Niken
rontang-ranting.
Sadhar karo atine kang mobat-mabit saben adu arep karo Bagus, Niken sengaja
ngadoh. Saben
ana rapat guru, Niken pilih anteng ana mejane sinambi ethok-ethok sibuk
karo laptope. Saben
ngaso Niken ngumpet ana perpustakaan sinambi ngladeni bocah-bocah sing
padha nyilih buku.
Baca Juga : Cerkak Bahasa Jawa "Kaji Kafan"
"Bu, dipun timbali Pak Kepala," aloke Sri, siswi kelas IX-C kang marani
Niken menyang
perpustakaan. "Dipunrantos wonten ruwang kepala sekolah, Bu."
Niken nuli menyat. Jumangkah tumuju ruwang kepala sekolah kanthi dhadha
dhag dhig dhug.
Kepala sekolah anyar iku lagi lungguh ngadhep laptop. Niken nothog lawang
alon. Bagus
tumenga banjur mesem. Niken kumesar.
"Bapak nimbali kula?"takone kanggo nutupi gugupe.
"Pinarak, Bu Niken. Wonten perkawis ingkang badhe kula rembag."
"Perkawis menapa, Pak?" takone Niken sawise Iungguh.


Bagus mesem tipis karo nyawang Niken tajem. Sing diulati kecipuhan. Rasane
kepengin enggal
uwal saka kursine sing dadakan krasa panas.
"Kabar apik, Dhik?" Bagus kumecap Iirih.
"Alhamdulillah, sae sedaya," wangsulane Niken karo ndhingkluk.
"Aja formal kaya ngene, ta. Awake dhewe rak mung wong loro ing ruwangan iki."
"Jam ngaso sampun badhe telas," ucape Niken ngenggokake rembug.
"Ing jam ngaso sing kari sethithik iki aku pengin sliramu ora ngedohi aku,
Sasuwene telung sasi
aku ana kene, sliramu sajak ngadoh terus saka aku. Mangka pirang-pirang
taun aku nglari ilange
Wanita sing wis nyolong atiku."
Niken blangkemen. Dheweke ora bisa sumaur.
"Aja kuwatir, Dhik,aku ora bakal njaluk bali atiku sing wis kadhung kok
colong," ujare karo
nggegem tangane Niken.
"Mboten sae dipirsane tiyang, Pak," ujare Niken lirih.
Bagus Wicaksono nguculi gegemane. "Aku ora njaluk bali ati sing wis kadhung
mbok gegem,
Dhik. Nanging, aja mung atiku. Ragaku uga kudune melu mbok gegem. Wis
welasan taun
lawase ragaku suwung amarga kelangan ati sing selawase iki kok gawa."
"Panjenengan kepala Ian kula guru."
"Dhik, nalika aku lagi KKN sliramu ilang tanpa Iari. Kowe ora ninggali
pesen apa-apa. Atiku
cuwa, Dhik. Nanging aku mbudidaya tetep ngugemi rasa tresnaku marang kowe
engga seprene."
Niken manikelu, nanging cepet nguwasani dhiri.
"Aku njaluk pangapuramu sing gedhe, Mas. Nalika kuwi Bapak lagi kejiret
rentenir. Mas Utomo
nulung bapak, Ian sateruse njenengan bisa mirsani dhewe kaya ngapa aku saiki."
"Pitulas taun aku nggoleki, nanging mung njaluk ngapura ngono wae?" ujare
Bagus.


"Lha aku kudu kepiye, Mas? Muter wektu bali mbiyen maneh ya ora isa. Barang
wis kadhung
ora perlu digelani. Mung siji sing takgelani, ya gene aku ora kirim kabar
marang panjenengan
saengga panjenengan ora tansah ngeling-eling marang aku," ujare Niken.
"Yen pangapura wae gampang, Dhik. Aku duwe akeh banget. Nanging, apa ya
mung cukup
pangapura sing arep mbok ajap saka aku?"
Niken ngerti arah omongane Bagus, nanging emoh miwiti ngomong tresna. Niken
rumangsa ora
ana apa-apane dibandhingake priyayi bagus ana ngarepe. Kepiyea wae dheweke
wis tau
ngiyanati Ian natoni atine wong Ianang kuwi. Kanggone Niken, wis cukup
pangapura wae saka
Bagus. Bagus duwe hak kanggo golek wanita sing Iuwih sakabehe tinimbang
dheweke sing
randha anak-anak siji.
"Ya wis, yen ngono karepmu, Nik. Sajake aku pancen kudu ngedoh saka
uripmu," ujare Bagus.
"Saiki baliya menyang keIas."
Niken angluh. Sajake Bagus Wicaksono cuwa maneh gara-gara ucapane. Nanging
atine luwih
lara merga sadhar yen wong lanang sing gawe atine mobat-mabit iki bakal
ngedoh saka
dheweke. Niken nuli jumangkah menyang ruwang guru. Ora rinasa mripate
kekembeng luh.
ANGIN sore krasa seger nampeg awak. Niken rumangsa marem nyawang latar
omahe sing asri.
Tanduran mawar maneka warna nggrombol ana poncod kulon mepet pager. Ing
sisih wetan
kolam iwak kol sing tansah kumcricik banyune nggawa rasa tentrem ana ing ati.
"Ketoke kok sajak bahagia, Dhik."
Niken noleh. Priya bagus nembe metu saka omah. Sajak seger bubar adus sore.
Dheweke nuli
lungguh ana sandhinge Niken sinambi nyruput teh sing wis dicawisake.
"Wis sampurna, Mas," ujare Niken marang priya kuwi karo mesem. Panyawange kebak
katresnan. "Matumuwun panjenengan wls kersa rawuh ana uripku."
"Upama aku ora weruh ana bu guru sing nangis metu saka ruwanganku, takkira
nganti dina iki
aku isih dhewekan," ujare Bagus.
Niken mesem kisinan sinambi njiwit garwane. Bagus uga ngrasa sampuma. Duwe
bojo ayu sing
ditresnani iya duwe anak lanang sing wis gedhe, Ian siap- siap ngenteni
laire si jabang bayi kang
wis diarep-arep dening sakabehing brayat. Senajan katresnane nembe kawujud
wayah Iingsir
sore, nanging Gusti Allah paring piwales sing luwih saka cukup kanggone
Niken Ian Bagus
Wicaksono. --- Cuthel


Dening: DANINGTYAS KH.
Panjebar Semangat No.19-7 Mei 2016

Sent with AquaMail for Android
https://www.mobisystems.com/aqua-mail

Tidak ada komentar:

Posting Komentar