6.12.2014

Fiksi





Aku lagi wae mudhun saka bis kota, ing terminal
Soekarno-Hatta, Tidar. Sak klebatan ing pesawangan
esuk mruput kang linambaran pedut iku ana
tangan kang ngawe-awe ing sabrang dalan gedhe,
tak deleng rada suwe, jebul kancaku SMP kang
jeneng Silvi, kenya ayu kang nate dadi rebutan
ketua kelasku lan guru olahraga nganti antem-
anteman nanging loro-lorone ora entuk, amarga
Silvi milih kekancan cedhak karo aku kang kalem
lan tansah oyak-oyakan rangking karo slirane. Karo
dheweke aku wis 17 tahun ora ketemu. Bungahe
atiku, kembang sekolahan kang wis rong windhu
luwih ora ketemu jebul ora lali marang rupaku
kang nganti umur telung puluh siji iki tetep 'imut'
kayadene bocah SMA jare. (ora apa ta ngalem
awake dhewe?)
Silvi: "Slamet, to?" (dheweke takon nalika aku wis
ana ngarepe)
Aku: "Lho...kleru, jenengku Paidi..." (aku masang
rai rada kuciwa jebule Silvi ora kelingan jenengku,
malah nyeluk aku Slamet, kaya jeneng Kebo bule
ing kraton Surakarta wae hehehe). Bener kandhane
kanca-kancaku, iki sing jenenge Kelingan Rasane
Ora Kelingan Jenenge... Ora luwih saka limang
menit, lambene kang tansah teles lan mbranang
tanpa gincu iku wis lanyah nyebut jenengku kaya
17 tahun kepungkur, malah banjur nglanyahi
lambeku nganti pira-pira nggauta awakku melu
kaku lan keju... [carita fisik eh fiksi]


Tidak ada komentar:

Posting Komentar