9.27.2014

Omah tawon



Awan iku Sardot,Sodron lan
Mukri lagi ngarit suket Naliko
Sardot lan Sodron lagi ngobrol
masalah wedus. Ujug-ujung
Mukri mbengok
Mukri : Hoooi mreneo cah aku weruh omah tawon ki
Sardot+Sodron langsung
marani mukri
Sodron : endi kri omah tawone?
Mukri : kae nang wit pete cilik..
Sodron : (jupuk watu arep dibalang)
Sardot : wooi goblok..ojo mbok
balang omah tawone...mengko
tawone ngamuk...dientu p gundulmu kapok
Sodron : waah..bener kowe
dot...tawon kae biasane nguber
sing ganggu...trus piye dot??
Sardot : (mikir sedelo)...aku
duwe ide.. TUING..TUIING.. . Mukri : idemu opo dot..
Sardot : golek'o tali utowo
dadung sing dowo...cepet..
Sodron : kanggo opo dot..??
Sardot : wes to..mengko kowe
lak yo ngerti dewe... Mukri langsung mlayu mulih jupuk
dadung..
Mukri : nyooh doot dadunge...
Sardot : nah..dadung iki talekno
nang wit pete kae..trus awak'e
dewe ngumpet..mengko yen ono
wong lewat,,dadunge ditarik-
tarik..
Sodron : oh..iyo dot aku wes
paham... Akhire wong telu iku
ngumpet,karo nunggu yen ono wong lewat..Ndilalah Juminten bakul jamu gendong lewat..
Sardot : kae ono bakul jamu
lewat..siap2 ditarik dadunge..
Mukri : iyo dot..
Sardot : siaaap...1...2. ..3...TARIK2 KRI... "HURUGH..HURUGH .." (wit petene goyang2),,Sakna liko tawone ngamuk....
"wuing..wuiing. .,,THUEEENG... !!!!!!! (ngentup bokonge
juminten..)
Juminten :WUAADUOOHH.... .­ (kaget sampek jamune ambyar
trus mlayu karo cincing..
"Waxaxaxa.,.(sa rdot karo sodron guyu gulung2.,,mukri
guyu karo mancal2 wit kates
sampek katese jiblok..) Ora
suwe,,ono wong lewat maneh..
Sodron : eh..kae kang JATI lagi
mancal becak...ayo ditarik2 mneh..
Mukri : siaap...TARIIIK MAAANG... "HURUUGH...HURU UUGH.. Spontan tawone ngamuk
maneh....
"wuing...wuiiin g....THUEEEENG. ..... (ngentup irunge jati)
Jati : WUAADOOOHH..... !!!!! DJANCOOK.....!! !!!!!!! Mergo kaget,Jati sampek kecebur nang
kalen ketindihan becak...
"Bruakakakaaaaa ...."wong 3 iku guyu karo pancal2an.
Mukri : eh..kae kang Mudji
lewat numpak pit onthel..
Sardot : minggir2..yen iki
bageanku...siaa p...1...2...3.. . "Nyooh dji...rasakno saiki..."
"HURUUGGH...HUR UUGH...10 x.... Tawone langsung ngamuk
mneh... "THUEEENG...THU EENG...!!! (ngentup sirahe kang mudji)
Mudji : WUAADUOOH..,!!! ! (tibo jempalikan karo misuh2 nang
wayange)
Sardot : behaaahaahaahaa ..." rasakan pembalasanku dji..
(guyu karo mancal2 wit pelem
sampek ono sing jiblok)
"GEDEBUUK...(ni bani sardot) Sardot : aduuh...opo iki sing
ciblok..
Sodron : bentuk'e koyo duren
tapi kok alus..
Mukri : koyone aku pernah
weruh...tapi kok gedene sak duren yo...
Sardot : emange buah opo kri..
Mukri : iku dudu buah..tapi...
.
.
. .
. .
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. .
.
.
.
.
. ....OMAH TAWON DOOT... Sodron : doot..kri...kru ngu suoro pesawat ora.??
Sardot : iyo aku krungu..tapi
endi pesawate..
Mukri : HOOOI..IKU DUDU SUORO
PESAWAT..TAPI SUORO TAWON
SING LAGI NGAMUK..,AYOO KABUUR..
.
.
.
.
"THUEENG..THUEE NG.." Akhire wong 3 iku sekarat diajar tawon

--
--

Tidak ada komentar:

Posting Komentar