7.05.2014

ergeje



OJO PADA REGEJEGAN
Kebangetan temenanan wong2 kuwi,
wis ngerti puasa kudu ngerem sak kabehANe (mengendalikan diri) koq ya isih ana
sing BEKENGAN tukar padu rebut bener - rebut pinter - rebut apik.
Lha mung urusan mbela konco wae kok do direwangi pasulayan, rugi...
Wis ta ngandela aku.....rasah do ribut.....!
Mas BOWO utowo Mas JOKO (arep di wolak walik disik endi sak karepmu) kuwi
dudu malaekat, dudu supermen, dudu Bandung Bandowoso, dudu "jalma limpat
seprapat tamat" sing isoh gawe samubarang mung sewengi.
Opo maneh mbangun lan ngapik-apik negara Indonesia sak jroning 5 tahun sing
okeh wong rewel, wong angel lan tukang ngeyel.......
Wis ta...do liren-a.....ojo pada regejegan kang tundhone malah gawe crah lan
bubrah......
Sing penting sesuk Rebo Wage tanggal 9 Juli 2014 wiwit jam 07.00 nganti jam
13.00 tindak tobong nggunake hak pilih-e dewe-dewe kanti ati tentrem

Tidak ada komentar:

Posting Komentar