8.13.2014

suara gamelan di kali progo


observasi suara gamelan misterius di kaliprogo YOGYAKARTA
; observasi di kali progo mengenai gamelan misterius

Oleh ; mas Win al A'robi

Akhir2 ini bnyak yg posting tntng misteri suara gamelan di sungai progo. .
Sejatinya suara itu tlh ada sejak bbrpa puluh tahun yg lalu.crita dri simbahku. .waktu smbahq kcil udah ada suara gamelan itu malahn kta mbahq jauh sblm mbhq lahir udh ada.smbah q umurnya udah hampir 90 thn.
Penasaran dngn misteri suara itu.aq pernah obserfasi di kali progo.spanjang kali jati sampai suangan di trisik.and hasilnya sunghuh mngjutkan saya. .apa yg sya temukan dsana.

skdr pmberitahuan. .aq nggo hp lek.le nulis kemeng.tpi aq rapopo.tak critakke. .rmahq di desa bunder desa banaran.trmasuk dket dngan sungai.mash crita dri simbh.jaman dlu di malm2 trtntu sering trdngar suara kemrosok dri arah sungai.dibarengi dngan angin yg lumayan knceng.dri arah sungai trdngar suara klinting" krincing. .krincing. .krincing"mnurut pnuturan orng2 dlu.it adlh suara kereta kencana kanjeng ratu kidul yg lewat mnuju gunung merapi
Tak tutukne.aq pnasaran dngn crta itu. .krna memang aq jg mengalami sndri .mndengar suara gamelan.wktu it kbtulan aq pas libur ngaji n pondok.dadine aq bali. .aq inget wktu it malm selasa pas bulane ketok padang.nek pasaranya aq lupa. . Akhrnya aq pngn observasi krna pnasaran.tak turut kadi tanggul kali jati.prtma aq njujug nang kali njati.dket kuburan njati sing pinggir kali kae lho. .
Lanjut.aq lingguh mneng madep ngetan arah kali.nyubo mrasakan nek opo ono aktifitas gaib barang. .akhirnya selang bbrpa menit skitar jam 11 lbih lah. .krungu suworo wong omong2an. .tambah tak rungokke kok sayup2 soyo rame soyo rame. .wong ngobrol koyo nang pasar. .tpi rajelas sing diomongke ki opo.mung krungu wong kemruwek rame.
aq mlaku ki yo dho dimatke . .ning mung ngematke thok.ora muni pie2. .tak turut cen omahe uakeh.ono pasar. .ono warung. .ono dalan gang gang cilik.salah sijine gang ono sing nang cerak omahku.pnere nang omahe lek q.cerak kuburan bunder.kui gang cilik mengidul tmbusane dalan gedhe sing nang kali progo.nang dalan kui ono sing ngepit.ngandong.mlaku. .tpi anehe raono mobil ro motor.
sko kono kui wis aq ngroso yen kali progo ki cen eneng mahluk ghaibe. .iku rung ckup.aq pngen weruh. .ahire biamillah. .aq merem. .bar iku tak bukak mripatku wis nemu pemandangan sing luar biasa. .trrnyta kali progo kae ki dalan gedhe. .aspalan ualuuus . .gek pinggir pinggire dalan ki uakeh omah pmukiman. .nang kali njati kae arahe kidul dun dunan trek.enek omah gedhong magrong magrong gedhe.tingkat.gek lampune padang njinggrang.akeh wong lalu lalang nang dalan sing tak weruhi iku.percoyo monggo ora yowis.tak turut aq mlaku liwat pinggir omah2 kui mau.walah. .jian suasanane koyo kota.persis koyo nang dalan dalan kota kae.
malm itu jian gawe aq pnasaran.tpi aq kudu mbalik.wedine ndak bingung raiso bali. .wis. .malm kui trjawab sdah sing ono nang kali progo.tpi kui lagi malm prtama
malm kdua nang jaetras.suasanane bedho.brtolak belakang.nang kono mung kampung. .kiwo tngene omah biasa.trus sawah sawah lor jaetras tkan pinggir ndeso kae prkampungan.model omah limasan. .wong wongane biasa wae.sandangane koyo wong biyen.katok komprang ireng. .trus nganggo jarik.ono sing klambinan ono sing ora.sing wedok nganggo kemben.anehe wong2ane blas ra nggatekke aq.ngematke we ora. .koyo raweruh aq.
kui sing nang jaetras. .malam ktiga nang sisib kidul.nang dul ndepok mengidul tkan suwangan. .hadeeh. . blangkrak an kabeh nek nang kono.aq we ngasi mrinding. .
malam ktiga aq ngjak konco. .wong nggonku yoen. .jnenge mas sigit.wonge yo iso nek babagan memedi. .tak jak nang dul ndepok. .aq ngepit boncengan wong 2 nggo pit lanang jaman semono. . (sik illan yo. . nyambi delok trans7 iki.hehe)
nang dul ndepok. .pertama teko. .wis digeguyu. . prtamane kuntilanak. .nylengking guyune. . .pdhl lagi teko ndok. .koncoku wis siap yoan. .bismillah . .suasana ngeri leek. . kuntilanak ki walaaah . .uakeeeh. . .dho mapah nang wit witan. . .langsung mak gragab anyes kabeh awakku. .mrinding ngasi mengkeret rasane. .
Iki sing gawe rabetah suwe. .nang tengah kali ono suoro ngguyu. .lakak lakak sajake gedhe duwur. .mbuh buto po gendruwo.. ra let suwe samar2 kok koyo ono geni. mowo. .soyo suwe soyo gedhe gedhe. .dadi geni mbolat mbolat. .wis. .ngalamat iki jare koncoku. .banas pati jebule. .langsung. . .pit diputer balik arah. .ngebuuut. . .ora urusan glodak glidak mrgo ting gronjal dalane. .
Le ngonthel ngasi tkan ngebis. .gemrobyos. .untunge ono wong mancing. .leren diluk . .udut2. .basan wis rodo longgar ambegane. .mulai meneh. .bismillah. .tenguk karo meneng. .mreem dilit. .njuk melek. .iki. . .gawe kaget. .trus terang nang suangan ki cen nggone blangkrak blangkrak. .flasback jaman biyen. .nang kali progo ki tmpat buangan mayat pas jaman perjuangan.nang kaline ki bangke2 wong2 belanda. .wong pribumi. .akeeh. .ngasi arep mutah aq weruh. mulek wetengku. .
nang kono kui akeh silumane. .ngebis. .suangan .awakke uwong. ndase kewan. .kadang mah ono sing duwe sungu. .duwe siung duowo2. .ngeri sajake pancen kono kui papane seluman.nang sbelah kidul ono gapuro guedhe. . model koyo mojopaitan.gaya hindu. meh koyo sing nang makam kota gedhe gerbange. .ning luwih gedhe luwih duwur. .gerbang kui mau dijogo 2 makhluk gedhe duwur. .trus terang aq rawani nyerak.bukane wedi. .mung ajrih. . .soale energine gedhe tenan. .
masalah gamelan. .kui asline siluman. . .yo wujude koyo uwong ning setengah kewan.tpi ora kbeh stengah kewan.mung wujude ueeleeek. . . .

Prlu diketahui. .yen bongsk siluman ki seneng gojek. mangkane nek ono uwong kok singsot opo mneh bengi2 ki pdo karo ngundang kui.mangkane raoleh asline. .
aq ijik nang suangan wektu iku .kancaku yo isik nang andingku. .ra let suwe kok koyo ono angin sembribit. .soyo suwe soyo banter. .ngadi merem2 aq. .ning sambi nglirik.banjur kadi ngarep arah pojok kidul wetan ono cahaya putih. .soyo sue soyo padang soyo gede. .aq blereng. merem2 . .sak untoro wektu khanan kui koyo ngono. .nganti angine ahire mandeg. .aq melek. .basan melek aq gumun. .weruh opo sing tak matke. .aq nang tengah2hing kutho. .jamanbiyen. .omah2 isih sko gedhek. .payone sko getepe..akeh2 wong dho sliwar sliwer. .koyo kahanan biasa.ono sing gwo pacul.arit.mikul cheting. .klambine modhel jowo. .nanging aq gumun.saben wong sing papasan karo aq msti mesem. .koyo cah ilang aq. .nganti aq sadar. .yen mas sigit ora nang andingku mneh.mbuh nandi.aq jan dewe koyo wong ilang. .trdampar nang abad 13 koyone. .
aq ijik ngadeg mneng wae. .weruh kahanan koyo ngono kui marai aq bingung. .nanging gapuro gedhe kui mau isih . .nang njerone koyo latar jembar. .paling alun2. .njuk nang mburi alun2 kui ono omah joglo.samar2 nang kiwo tengen ngarep omah joglo kui ono patung gedhe.mbuh patung opo. .nganti aq kaget. .ono sing nyenggol tanganku "le. .ngopo nang kene".!!??
Trus tak tengok. ono simbah2 nganggo klambi ireng. .di bledehke trung nganggo caping sing gedhe kae lho. .udu sing koyo caping saiki.sinbahe brengose putih tipis . kathokan komprang ireng. . "ngopo le nang kene"? aq ditakoni mneh. .mak gragap aq tak semauri "kulo njih bingung mbh. .kok kulo saged dugi mriki.." lsmbhe tkon mneh tp sambi mesem. ."lha omahmu ngndi. ?" "kulo saking bunder mbh. .banaran" jawabq. trus aq tkon mneh. ."lha niki pundi mbh. .?lan simbh niku sinten?" simbahe mah mung mesem sambi tangane ngrangkul pundakku sambi dijak mlaku.
wong wdok sing gwo pnganan teko. ono sego. .wangi tnan segane. .ono gudangane. .ono iwak bakare. .marai krucuk2 wetengku. . "monggo dhaharanipun" jare wong wedok mau sambi mesem . .ayuuu tenaaan. . .hadeeeh. ..  mbah pujo bnjur ngjak aq mangan ."ayo ndang di pangan" . njih mbah .lagi arep njupuk sego. .ngrti2 ono sing ngeplak sirahku. . ."plaaak". . . peeng. ..langsung kepyur pandelenganku. .

hehehe. . .sabar2. . . lanjut. . aq langsung bingung. .soale pundah papan.dadi nang tengah mbulak. .aq nang pinggir kali. .ngematke kiwo kok mas sigit nang andingku. .isih lingguh silo.posisiku dadi bingung dwe. .kahanae remang2. .padang mbulan sih. .tpi adhem. .aq bnjur selonjor karo muikir op sing tak alami mau. .
aq banjur ngetokke barang sing kit sjo ngomah tak gowo. .~mbako lintingan~ aq ngenteni ms sigit sambi nglinting. .karo krukupan sarung sing kit mau tak nggo kalungan. .uaaadhheeemm. . .tak pikir mbeh. .opo kiro2 tnanan yo. .deso jarak. .karo simbah2. .opo wujude lelembut kui koyo ngono. .kok bedo karo liyan liyane. .hadeeeh. . .marai bingung. .

Lagi wae aq nyedot rokok. .kadi seberang kali. .yo paling wis mlebu daerah tan kali. .kok weruh ono geni. .prtamane ki murup biasa nang antara semak2. .soyo suwi kok tambah mbolat2 gedhe. .tmbh gedhe. .tambah gedhe. .tak pikir paling wong ngobong uwoh po opo. .lha kok iki jiaan. .gawe aku ngeri. .lha genune soyo mbolat guedhe murupe. . paling duwure genine ki nek mung 9 meter ono. .mbolat mbolat mbolat. .gek kok tengah2 geni aing guedhe kui kok mbentuk rai . . .dngan wajah menyeringai. .
padange geni ngasi tkan nggone lehku lingguh. .. aq trus ngucap "laa khaula wala quwata illa billahil'aliyil adzhim. . saat itu juga. .aq langsung mlethas oncat sko panggonan kono . .kncaku tak tinggal dewe. . mbuh pie nasibe . .gage nyekel stang pit. tancap pedal nggeblas bali. .
BERSAMBUNGngacirngacir

Tidak ada komentar:

Posting Komentar