Pitutur: 21, Nggadhuh kekuwatan kang tanpo wates
>
> Ora ana wong kang ingaranan urip, kejabane kang mikir sarta tresna marang wong kang ringkih lan nandhang papa cintraka. Bisa melu ngrasakake kasusahane sarta lara lapane wong liya. Kanthi pangrasa kang mangkono mau ateges bisa nggadhuh kekuwatan kang tanpa wates, perlu kanggo mitulungi sapadha-padha kang kahanane luwih nrenyuhake katimbang dhiri pribadine. "Pakarti mono darbek kita dhewe, nanging wohe pakarti mau dadi kagungane Kang Gawe Urip", mangkono sabdane sawijine Pujangga kaloka.
>
>
Blognya alumni SMPN 1 Magelang; berbagi kenangan; berbagi rasa dan berbagi cerita.... OPEN to all of alumnus.
12.04.2013
Pitutur: 21, Nggadhuh kekuwatan kang tanpo wates
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar