3.24.2019

Mancing neng tempuran kali

Copas dari teman


Wis tau tak ceritakne durung yo? Iki ceritane pakdeku rikala semono. Pakde
mancing karo kang Muh ning tempuran Opak-Oya. Mangkat seko ndaleme wis sore
maklum nargete sidat, dadi mancinge wayah wengi. Tekan spot ketemu wong
lagi kemah ning pinggir tempuran. Wis telung dino olehe kemah, sangune
pepakan panganan maneko werno. Ditakoni pakde wangsulane jare seko Klaten,
tujuane kemah ning kono golek nomer. Pancen jaman semono lagi ungsum judi
buntut utowo judi nomer. Jarene nek arep golek wangsit nomer ki tempuran
kali papane pas banget. Okeh demite sik gelem aweh bisikan gaib bab pernomeran.
Pakdeku banjur ngendiko "Mas, nek sampean ajeng pados nomer mang sowan
ndaleme kyai Teguh Sarbinu, daleme kidul jokteng wetan, siring wetan dalan.
Sampean nyuwun nomer mesti diparingi, dijamin jitu".
"Estu niku pak?" pitakone wong kemah mau.
"Tenan mas, ora goroh aku, wis okeh sik mrono do kasil" jawabe pakde.


"Woo nggih matur nuwun pak. Mboten sio-sio kulo nenepi ten riki. Mungkin
kulo ajeng angsal nomer lumantare kepanggih panjenengan".
Wong mau banjur pamit karo pakde, sire arep sowan nggone kyai Teguh sing
dingendikakake pakde. Tendane banjur dikukuti, panganane sing maneko werno
ditinggal dipasrahke pakde. Wong mau ngejak salaman pakde karo ora
rampung-rampung olehe maturnuwun.
Mbasan wong mau wis lungo, pakde gage-gage njupuk panganan tinggalane, "ayo
Muh, iki jenenge rejeki Muh" ngendikane pakde karo kang Muh.
Kang Muh isih bingung, setengah ra yakin nyuwun preso karo pakde "Anu pak,
kyai Teguh niku sinten?"


"Kae lho Muh, sing tukang gawe plat nomer ning jokteng kae lho. Aku lak ra
goroh to Muh? Nek moro ndono njaluk nomer mesti digawekne, hooh pora? Tur
yo mesti tembus, ngarep mburi mesti podo" jawabe pakde.
"Wooohhh, lha mangkih nek wonge wau mbriki malih pripun pak?" pitakone kang
Muh.
"Ora wis. Yah wene iki tukange gawe nomer wis tutup, mesti wong mau le
nggoleki omahe sesuk esuk. Wis saiki gek dipangan!"
Ra koyo biasane, pakde karo kang Muh wengi kui mancinge tambah jenak, tur
yo ngguya ngguyu ๐Ÿ˜Š๐Ÿ˜Š

Sent with AquaMail for Android
https://www.mobisystems.com/aqua-mail

Tidak ada komentar:

Posting Komentar